Arsip untuk ‘Bahasa Jawa’

2010/05/03

KATE-KATE DIPANAH – SEPURUAN

KATE-KATE DIPANAH

Kate-kate dipanah, dipanah ngisor gelagah

Ana manuk ondhe-ondhe

Mbok sri bombok mbok sri kate

Mbok sri bombok mbok sri kate

Mbok sri bombok…..Mbok sri kate

SEPURUAN

Sapa nunggang sepur lunga nyang Kediri

Wong iku sepur dhur bayare setali

Sapa trima nggonceng konangan kondhektur

Yen didhenda kenceng napa boten kojur

Dikutib : NGELURI BASA JAWA

Kaitkata:
2010/04/09

KUPU KUWI – PAMAN TANI- NGELURI BASA JAWA

KUPU KUWI

Kupu kuwi tak encupe

Mung abure ngewuhake

Ngalor ngidul ngetan bali ngulon

Mrana mrene mung saparan-paran

Mbok ya mecok tak encupe

Mentas mencok cegrok banjur mabur kleper

PAMAN TANI

Paman-paman tani utun

Den emut age-age nyebar

Srantekna den sabar yen udan tumurun

Sebaren den gupuh mesthi babar

Becik banget thukulane , becik banget thukulane

Becik banget thukulanae

Dikutib : NGELURI BASA JAWA

Kaitkata:
2010/03/30

GAJAH-GAJAH, GUNDHUL-GUNDHUL PUCUL, dari NGELURI BASA JAWA

GAJAH-GAJAH

Gajah-gajah kowe dakkandhani

Mata kaya  laron

Kuping ilir gedhe-gedhe

Kanthik nganggo tlale

Buntut cilik tansah kopat-kapit

Sikil kaya bumbung, mung lakumu igad-igud

GUNDHUL-GUNDHUL PUCUL

Gundhul-gundhul pacul, gembelengan

Nyunggi-nyunggi wakul kul, gembelengan

Waukul nggelempang segane dadi salatar

Waukul nggelempang segane dadi salatar

Dikutib : NGELURI BASA JAWA

Kaitkata:
Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

Bergabunglah dengan 79 pengikut lainnya.